Sabtu, 04 Juni 2011

Mlebu-metu, Mlumah-mureb, Merem-melek

Wong urip bebojoan bisa nggayuh unen-unen sakinah mawaddah warohmah iku saora-orane kudu siap-siap ngarasaken 3M, Merem-Melek, Mlebu-Metu, Mlumah-Mureb.

Tembung Merem-melek iku akeh sambunge karo sakinah, sebab wong urip bebojoan nalikane ora bisa meremaken paningal maring liyan sing dudu duweke lan bisa melek maring linuwih kang manggon ana ing bojone (lanang utawa wadon) mangka uripe ora bisa anteng (sakinah), sebab arep ana rasa kawatir bosanu bojoku gawe cidra karo aku, sing menngko akire gawe rasa gemrungsung ana ing ati lan bisa dadi sebab anggone pada pirakan.

Mlebu-metu iku dadi lambang saka kudu anane pangupa jiwa sing bisa kanggo nyukupi kebutuhan urip keluarga. Wong kang bebojoan iku kudu bisa ngatur maring mlebu lan metune duit. Sepira sing kanggo kondangan, sepira sing kanggo becer, sepira sing kanggo biaya bocah, sepira sing kanggo amal jariyah, sepira sing kanggo kebutuhn mendadak lan steruse. Nalika mlebu metune duit genah, insya alloh rasa tresna arep kepenak olehe cukul lan sumebyar ana ing keluarga.

Seteruse ya iku mlumah mureb. Maksude ya iku antarane lanang wadon kudu bisa nrima maring kekurangan lan kelebihan bojone. Aja dumeh inyonk bisa anu, bojone ora bisa terus malah gontok-gontokan... angger kaya kue ya.. kapan rampunge.

Pepenget kanggo awake dewek lan dulur-dulur sing wis utawa arep bebojoan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar